Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 66:20-24 Kitab Sutji (JAV)

20. Iku bakal padha ngirid sakehing sadulurira saka ing antarane bangsa kabeh kacaosake minangka kurban marang Sang Yehuwah kalawan katunggangake ing jaran, kreta lan tandhu, bihal sarta unta wadon kang rikat lakune, kagawa munggah menyang ing gunungingSun kang suci, menyang Yerusalem, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, padha kaya wong Israel kang nggawa kurban ana ing wadhah kang suci menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

21. Panunggalane iku ana kang bakal Sunpundhut Sundadekake imam lan wong Lewi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

22. Sabab padha kaya langit kang anyar lan bumi kang anyarkang bakal Suntitahake iku,tetep dumunung ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,mangkono uga turunira lan jenengira bakal lestari.

23. Sasi gumanti sasi,lan Sabat gumanti Sabat,umat manungsa kabeh bakal padha sowan sujud nyembah ana ing ngarsaningSun,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

24. Iku bakal padha metu lan padha ndelengjisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun.Set-sete ora bakal padha mati,lan genine ora bakal sirep,kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilanitumrap kabeh kang urip.

maca bab lengkap Yesaya 66