Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 66:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Kayadene wong kang dilipur dening biyunge,iya kaya mangkono anggoningSuniki bakal nglipur sira kabeh;sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem.

14. Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah,sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule;astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine,sarta bebendune marang para satrune.

15. Sabab lah Sang Yehuwah bakal rawuh kalawan geni,tuwin kreta-kretane bakal kaya lesus,prelu ndhawahake bebendune kang mulad-muladlan dedukane kang murub mangalad-alad.

16. Awit Pangeran Yehuwah bakal ngukum kabeh kang uripkalawan geni lan kalawan pedhange,lan wong-wong kang padha pinatenan dening Sang Yehuwahiku bakal akeh cacahe.

17. Wong-wong kang padha sesuci lan reresik awak marga arep lumebu ing patamanan-patamananing dewa,kalawan ngetutake wong kang ana ing satengahe,kang mangan daging babilan kewan-kewan kang najis lan tikus,iku bakal padha sirna kabeh babar pisan,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

18. Ingsun nguningani sakehing panggawene lan rancangane lan Ingsun rawuh prelu nglempakake sakehing bangsa saka sakehing basa, tuwin iku bakal padha sowan lan ndeleng kamulyaningSun.

19. Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, yaiku menyang ing Tarsis, Pul lan Lud, menyang ing Mesekh lan ing Rosy, menyang ing Tubal lan Yawan, lan menyang ing pulo-pulo kang adoh kang durung tau krugu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa.

20. Iku bakal padha ngirid sakehing sadulurira saka ing antarane bangsa kabeh kacaosake minangka kurban marang Sang Yehuwah kalawan katunggangake ing jaran, kreta lan tandhu, bihal sarta unta wadon kang rikat lakune, kagawa munggah menyang ing gunungingSun kang suci, menyang Yerusalem, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, padha kaya wong Israel kang nggawa kurban ana ing wadhah kang suci menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

21. Panunggalane iku ana kang bakal Sunpundhut Sundadekake imam lan wong Lewi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

22. Sabab padha kaya langit kang anyar lan bumi kang anyarkang bakal Suntitahake iku,tetep dumunung ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,mangkono uga turunira lan jenengira bakal lestari.

23. Sasi gumanti sasi,lan Sabat gumanti Sabat,umat manungsa kabeh bakal padha sowan sujud nyembah ana ing ngarsaningSun,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

24. Iku bakal padha metu lan padha ndelengjisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun.Set-sete ora bakal padha mati,lan genine ora bakal sirep,kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilanitumrap kabeh kang urip.

maca bab lengkap Yesaya 66