Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 66:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Langit iku dhamparingSunlan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun;sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun,sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun?

2. Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh,satemah kabeh iki banjur ana?,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki:wong kang katindhes lan kang lemes semangatelan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.

3. Wong nyembeleh sapi lanang, nanging uga mateni manungsa,wong ngurbanake wedhus, nanaging iya nugel gulune asu,wong caos kurban dhaharan, nanging iya nyaosake getih babi,wong nyaosake menyan, nanging uga memuja marang brahala.Mulane: Kayadene anggone padha luwih seneng marang dalane dhewe,lan nyawane seneng marang dewaning kaninsthan,

4. mangkono uga Ingsun iya luwih remen tumindak sawenang-wenang marang para wong ikutuwin nekakake marang wong-wong mau apa kang ndadekake wedine;amarga manawa Ingsun nimbali,ora ana kang ngaturake wangsulan,manawa Ingsun ngandika,ora padha ngrungokake,nanging padha nglakoni kang ala ana ing paningalingSunsarta luwih seneng marang apa kang ora dadi karsaningSun.

5. Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah,kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane!Para sadulurira, kang padha sengit marang sira,kang padha nyebratake sira,awit sira padha ngajeni asmaningSun,iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane,supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!”Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.

6. Rungokna, ana swara rame saka ing kutha,rungokna, tekane saka ing Padaleman Suci!Rungokna, Pangeran Yehuwah ndhawahake piwalesmarang para satrune!

7. Sadurunge nglarani wus nglairake anak,sadurunge krasa, wus nglairake anak lanang.

8. Sapa kang wus tau krungu bab kang kaya mangkono iku,sapa kang wus tau sumuurp kang mangkono iku?Apa bisa sawijining nagara dilairake ing sajroning sadina,tuwin sawijining bangsa dilairake sapisan?Nanging lagi bae nglarani,Sion wus nglairake anak-anake.

9. Ingsun kang mbikak guwa-garbaning wong,apa ora banjur damel supaya nglairake bayi?,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.Utawa apa iya Ingsun kang damel supaya nglairake bayi,banjur nutupi guwa-garbane maneh?,mangkono pangandikane Gusti Allahira.

10. Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem,he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki!Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira,he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku!,

11. supaya kowe padha nusu nganti waregmarang susu kang nyegerake kowe kabeh,supaya kowe padha nusu lan ngrasakake nikmate susune kang kebak.

12. Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Lah Ingsun ngilekake menyang ing kutha ikukarahayon kayadene kali,tuwin kasugihane para bangsakayadene kali kang luber;sira bakal padha nusu, bakal digendhong,bakal diuthun-uthun ana ing pangkon.

13. Kayadene wong kang dilipur dening biyunge,iya kaya mangkono anggoningSuniki bakal nglipur sira kabeh;sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem.

14. Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah,sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule;astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine,sarta bebendune marang para satrune.

maca bab lengkap Yesaya 66