Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 61:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu,lenga-pesta minangka liruning bagor,kidung pangalembana minangkagegentining jiwa kang nglentrih,supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”,“tanemaning Pangeran Yehuwah”kanggo ngatonake kaluhurane.

4. Wong-wong mau bakal padha mbangun gempuran kang wus atusan taun anane,sarta ngedegake maneh panggonan-panggonan kang wus dadi sepi wiwit biyen;bakal padha mbangun kutha-kuthakang wus dadi gempuran,panggonan-panggonan kang wus turun-tumurun sepi.

5. Para wong ngamanca bakal padha mbiyantu sira kabeh dadi pangoning wedhus-wedhusira,sarta wong-wong bangsa liyan bakal padha dadi petaniniralan tukang kebon ana ing pakebonanira anggur.

6. Nanging sira bakal padha kaaranan imaming Sang Yehuwahlan bakal kasebut abdining Allah kita.Sira bakal padha ngrasakake nikmating kasugihane para bangsatuwin bakal padha rumangsa mbedhedheg marga saka kehing kasugihane wong-wong mau.

7. Minangka lirune anggonira padha kawirangan tikel ping pindho,lan minangka gegentine anggonira kacacad lan kaidonan,sira bakal padha tampa warisan tikel loro ana ing nagaraniratuwin bakal ngrasakake kabungahan kang langgeng.

8. Sabab Ingsun, Yehuwah, remen marang kaadilanlan sengit marang tindak ngrayah lan kaculikan;Ingsun bakal maringi pituwas marang sira kang trep,sarta bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh.

9. Turunira bakal misuwur ana ing satengahe para bangsa,samono uga anak-putunira ana ing antarane para suku bangsa,satemah sakehing wong kang ndeleng bakal padha ngakoni,manawa iku turun kang padha kaberkahan dening Pangeran Yehuwah.

10. Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah,nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun,awit Ingsun ingageman busananing karahayonsarta diagemi jubahing kabeneran,kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirahtuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.

maca bab lengkap Yesaya 61