Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 58:6-14 Kitab Sutji (JAV)

6. Dudu! Pasa kang Sunkarsakake iku,yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya,lan ngudhari tali-talining pasangan,manawa sira ngluwari wong kang kinaniayatuwin mutungi sakehing pasangan,

7. manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwensarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma,lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggontuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!

8. Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetantuwin tatunira bakal enggal waras;kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepiralan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.

9. Ing kono manawa sira munjuk,Pangeran Yehuwah bakal paring wangsulansamangsa sira sesambat nyuwun tulung,Panjenengane bakal ngandika:Lah iki Ingsun ana ing kene!Manawa sira ora ngetrapake pasangan maneh marang pepadhanirasarta ora nuding-nuding marang wong kalawan driji lan mitenah,

10. manawa sira menehi wong keluwen apa kang sira dhewe areplan gawe lejaring atine wong kang katindhes,pepadhangira bakal sumorot ana ing pepetengsarta pepetengira bakal kaya wayah tengange.

11. Pangeran Yehuwah bakal tansah nuntun siralan bakal damel mareming atiniraana ing tanah kang garingsarta bakal nganyarake kakuwatanira;sira bakal kaya patamanan kang kasiraman kalawan beciktuwin kaya sumberkang ora tau gawe gela.

12. Sira bakal mbangun gempuran kang wus atusan taun,lan bakal ndandani tetales kang wus kapasang pirang-pirang turunan.Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol”,“kang ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.

13. Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabatlan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci;manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”,lan dinaning Pangeran Yehuwahkang suci “dina kang mulya”;manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanirasarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna,

14. sira bakal seneng-seneng marga saka Pangeran Yehuwah,tuwin Ingsun bakal damel sira bisa ngliwati pucak-pucaking tengger-tengger ing bumikalawan tetungganganing kaunggulan;sira bakal Sunparingi pangan saka warisane leluhurira Yakub,sabab mangkono pangandikane lesaning Yehuwah.

maca bab lengkap Yesaya 58