Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 52:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Tangia, tangia!Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion!Anggonen sandhanganmu kang endah,he Yerusalem, kutha kang suci!Amarga ora ana wong kang ora tetak utawakang najis,kang bakal lumebu maneh ing jeromu.

2. Ketabna lebuning sikilmu, tangia,he Yerusalem kang katawan!Uculana tali-tali kang ana ing gulumu,he putri Sion kang katawan!

3. Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha kaedol tanpa bayaran, mulane bakal katebus tanpa bayaran uga.

4. Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah: Biyen umatingSun mangkat menyang ing tanah Mesir lan dadi wong neneka manggon ana ing kono, wasana banjur dianiaya dening Asyur tanpa sabab.

5. Nanging saiki apa maneh urusaningSun ana ing kene?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. UmatingSun nuli katawan mangkono bae. Para kang ngwasani padha gedhe atine, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, tuwin asmaningSun sadina-dina tansah diala-ala.

6. Awit saka iku umatingSun bakal wanuh marang asmaningSun sarta ing nalika iku tumuli bakal padha ngreti, manawa Ingsun iki Panjenengane kang ngandika, iya Ingsun!

maca bab lengkap Yesaya 52