Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 51:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten,toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi?ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet,supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?

11. Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuktuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak,kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng;kebak kabingahan lan kagirangan,tinebihan ing kasisahan saha pangresah.

12. Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh.Sapa ta sira iku, dene kok wedimarang manungsa kang pancen bakal mati,marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket,

13. nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira,kang njereng langit lan nalesi bumi,kok nganti sira sadina-dina tansah gumeterwedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya iku,kang rumanti arep nyirnakake?Endi ta mulad-mulading nepsunewong kang nganiaya iku?

14. Wong kang kabelok lan kablenggu bakal enggal kaluwaran;ora bakal mati lan tumurun ing luwangan pakuburna,sarta ora bakal kekurangan pangan.

15. Sabab Ingsun iki Yehuwah, Allahira,kang ngocakake sagara,satemah gumleger rame swaraning alune. --Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah iku asmane.

16. Ingsun maringake pangandikaningSun ana ing cangkemiratuwin nyingidake sira ana ing aubing astaningSun,supaya Ingsun mbeber langit maneh lan masang tetalesing bumi,sarta ngandika marang Sion: Sira iku umatingSun!

17. Tangia, tangia,ngadega, he Yerusalem,he kowe kang wus ngombe saka ing astane Sang Yehuwahisining tuwung mulad-mulading bebendhune,kowe kang wus ngombe nganti entekisining cangkir kang mendemi!

18. Sakehing anak kang dilairakeora ana kang nuntun dhewekelan sakehing anak-anake kang digedhekakeora ana knag nganthi tangane.

19. Rong prakara iki wus tumempuh marang kowe --sapa kang bela sungkawa marang kowe?Karusakan lan kagempuran, keluwen lan pedhang --sapa kang bakal nglipur kowe?

20. Anak-anakmu wus padha pating gluntung tanpa dayaana ing sakehing pepojoking dalan kaya sapi alasan kang klebu ing jaring;padha katempuh ing panasing bebendune Pangeran Yehuwahlan dedukaning Allahmu.

21. Awit saka iku rungokna iki, he kowe kang katindhes,he kowe kang mendem, nanging ora marga saka anggur!

maca bab lengkap Yesaya 51