Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 42:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. “Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan,wus ngasta tanganira;Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake siradadi prajanjian tumrap umat manungsa,dadi pepadhang tumrap para bangsa,

7. supaya ngelekke mripat kang wuta,ngwetokake wong ukuman saka ing tahanansarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran.

8. Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun;Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyaneutawa kasuwuringSun marang reca.

9. Pameca-pameca biyen saiki wus padha kelakon,bab-bab kang anyar bakal Sunsumurupake.Sadurunge bab-bab iku kelakon,Sunsumurupake marang sira.”

10. padha ngunjukna kekidungan anyar marang Sang Yehuwahlan ngluhurna Panjenengane saka ing poncoting bumi!Sagara cikben gumuruh dalasan isine kabeh,tuwin pulo-pulo dalasan kang ngenggoni kabeh.

11. Ara-ara samun kareben nywara serudalasan kutha-kuthane lan desa-desa kang dienggoni Kedar!Kang ngenggoni gunung parang cikben padha surak-surak,kareben padha nguwuh-nguwuh saka ing pucaking gunung-gunung!

12. Cikben padha nyaosi kaurmatan marang Pangeran Yehuwah,tuwin padha martakna bab anggone ngluhurake Panjenengane ana ing pulo-pulo.

13. Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug,kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang;Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh,marang para mungsuhe,Panjenengane nedahake kaprawirane.

14. Ingsun kendel wiwit ing biyen mula,Ingsun kendel lan ngampet,saiki Ingsun njerit kaya wong wadon kang nglarani,Ingsun menggah-menggah lan menggeh-menggeh.

15. Ingsun bakal ndadosake gundhuling gunung-gunung lan tengger-tengger,sarta damel aluming sakehhe tetuwuhane;Ingsun bakal ndadosake kali-kali padha dadi lemah garingtuwin damel asat-nggerenging telaga-telaga.

16. Ingsun bakal nuntun para wong wutaana ing dalan kang durung tau padha diambah,tuwin iku padha Sunlakokakeing dalan-dalan kang durung disumurupi.Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang,sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata.Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau,lan kang mesthi bakal Suntindakake.

maca bab lengkap Yesaya 42