Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 42:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Ingsun bakal nuntun para wong wutaana ing dalan kang durung tau padha diambah,tuwin iku padha Sunlakokakeing dalan-dalan kang durung disumurupi.Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang,sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata.Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau,lan kang mesthi bakal Suntindakake.

17. Wong kang padha kumandel marang reca tatahanbakal padha mundur lan kawirangan,yaiku para wong kang celathu marang reca cithakan:“Paduka punika allah kawula!”

18. Padha rungokna, he para wong budhegpadha mandenga lan ndelenga, he para wong wuta!

19. Sapa kang wuta yen dudu panunggalane abdiningSun,tuwin kang budheg kaya utusaningSun?Sapa kang wuta kaya utusaningSunlan kang budheg kaya abdining Yehuwah?

20. Sira ndeleng prakara akeh, nanging ora nggatekake,sira ngengklengake kuping, nanging ora krungu.

21. Pangeran Yehuwah demi karsane nylametakekepareng maringake piwulange kang agung lan mulya;

22. nanging iku bangsa kang dijarah lan dirampog,kabeh padha katangkep ana ing guwa-guwalan didhelikake ana ing omah-omah pakunjaran;wus padha dadi jarahan lan ora ana kang ngluwari,dadi rampasan lan ora ana kang celathu: “Balekna!”

23. Sapa panunggalanmu kang gelem nilingake kupinge marang prakara iki,kang gelem nggatekake lan ngrungokake kanggo ing sateruse?

24. Sapa kang ngulungake Yakub supaya karampas,lan Israel marang kang padha ngrayah?Apa iku dudu Pangeran Yehuwah?Amarga kita wus dosa marang Panjenengane,lan lumuh lumaku ing dalan pitedahe,tuwin ora gelem ngrungokake marang piwulange.

25. Mulane Panjenengane banjur ndawahi bentering bebendunelan peperangan kang ngedab-edabikan nggesengake saka ing sakubenge, ewasamono iku ora dimangreteni,tuwin kang ngobong dheweke, nanging iku ora digatekake.

maca bab lengkap Yesaya 42