Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 42:11-16 Kitab Sutji (JAV)

11. Ara-ara samun kareben nywara serudalasan kutha-kuthane lan desa-desa kang dienggoni Kedar!Kang ngenggoni gunung parang cikben padha surak-surak,kareben padha nguwuh-nguwuh saka ing pucaking gunung-gunung!

12. Cikben padha nyaosi kaurmatan marang Pangeran Yehuwah,tuwin padha martakna bab anggone ngluhurake Panjenengane ana ing pulo-pulo.

13. Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug,kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang;Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh,marang para mungsuhe,Panjenengane nedahake kaprawirane.

14. Ingsun kendel wiwit ing biyen mula,Ingsun kendel lan ngampet,saiki Ingsun njerit kaya wong wadon kang nglarani,Ingsun menggah-menggah lan menggeh-menggeh.

15. Ingsun bakal ndadosake gundhuling gunung-gunung lan tengger-tengger,sarta damel aluming sakehhe tetuwuhane;Ingsun bakal ndadosake kali-kali padha dadi lemah garingtuwin damel asat-nggerenging telaga-telaga.

16. Ingsun bakal nuntun para wong wutaana ing dalan kang durung tau padha diambah,tuwin iku padha Sunlakokakeing dalan-dalan kang durung disumurupi.Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang,sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata.Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau,lan kang mesthi bakal Suntindakake.

maca bab lengkap Yesaya 42