Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 40:9-25 Kitab Sutji (JAV)

9. He Sion, kang nggawa kabar becik,munggaha ing gunung kang dhuwur!He Yerusalem, kang nggawa kabar becik,ulukna swaramu kang sora,iya ulukna swaramu, aja wedi!Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda:“Delengen, iku Gusti Allahmu!”

10. Delengen, iku Pangeran Allah.Anggone rawuh kalawan kakiyatan sarta ngasta pangwaos.Lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha nunggal kalawan Panjenengane;kabeh kang wus dadi kagungane padha lumaku ana ing ngarsane.

11. Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane,sarta iku padha diklempakake kalawan astane;cempene padha dipangku,embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.

12. Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epekesarta ngukur langit nganggo kilanane,naker lebuning bumi nganggo takeran,nimbang gunung-gunung nganggo timbangan,utawa tengger-tengger nganggo traju?

13. Sapa kang bisa mranata Rohing Pangeran Yehuwahutawa nyaosi pitedah marang Panjenengane kayadene juru pitutur?

14. Pangeran Yehuwah mundhut pitedah marang sapa supaya kagungan pangretosan,lan sapa kang nyaosi piwulang marang Sang Yehuwahing bab nindakake pangadilan,utawa sapa kang nyaosi piwulang bab kawruh marang Panjenenganelan nyaosi pitedah supaya Panjenengane tumindak kalawan pangretosan?

15. Para bangsa iku sanyatane kayadene banyu satetes kang ana ing timbatuwin kaanggep kayadene bledug saelas kang ana ing traju.Pulo-pulo iku sanyatane bobote mung kaya awu alus.

16. Libanon iku ora cukup manawa kanggo kayu danglan satokewane ora cukup manawa kanggo kurban obaran.

17. Sakehing bangsa iku kayadene ora ana ing ngarsanepadha kagalih kopong lan tanpa guna.

18. Dadine Gusti Allah iku arep kok padhakake sapa,lan apa kang kokanggep padha karo Panjenengane?

19. Apa reca? Iku kacithak dening tukang-wesi,lan kalapis emas dening kemasan,kang uga nggawekake rante-rantene salaka.

20. Wong kang ngedegake reca kayu,iku milih kayu kang ora gelis gapuk,golek tukang ahlikang ngedegake recasupaya ora bakal gelis hoyag.

21. Kowe apa padha ora sumurup? Kowe apa padha ora krungu?Apa wiwit ing sakawit ora diwartakake marang kowe kabeh?Apa kowe ora mangreti wiwit nalika bumi tinalesan?

22. Panjenengane kang lenggah ing dhampar ana ing sadhuwuring bunderan bumikang pendhudhuke kaya walang;iya Panjenengane iku kang mbeber langit kaya lawonlan masang iku kaya tarub kang dienggoni!

23. Iya Panjenengane iku kang ndadosake para panggedhe padha sirnasarta kang ndadosake para hakim ing donya tanpa guna!

24. Lagi bae padha ditandur,lagi bae padha disebar,lagi bae cangkokane padha metu oyode ana ing lemah,wus padha didamoni dening Panjenengane, satemah banjur padha garing,lan kabur dening prahara kaya damen.

25. Ingsun iki arep sira padhakake sapakang kaya-kaya dadi pepadhaningSun?Mangkono pangandikane Kang Mahasuci.

maca bab lengkap Yesaya 40