Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 40:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira,

2. atine Yerusalem ayemnasarta nguwuh-uwuhayen pangawulane wus rampung,manawa kaluputane wus kaapura,awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwahtikel ping loro marga saka sakehing dosane.

3. Ana swara kang nguwuh-uwuh:“Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan,ngencengna dalan gedhe kagem Allah kitaana ing ara-ara samun!

4. Saben ledhokan kaurugana,tuwin saben gunung lan tengger kawaratakna;tanah kang ana tengger-tenggere kadadekna tanah warata,sarta tanah kang mendhak mandhukul kadadekna papan lempar;

5. ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairaketuwin umat manungsa kabeh bakalpadha ndeleng iku bebarengan;Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”

6. Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh-uwuha!”Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?”“Umat manungsa kabeh iku kayadene suketlan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara.

7. Suket dadi aking,kembang dadi alum,manawa Pangeran Yehuwah ndamoni iku kalawan napase.Bangsa iku sanyatane kaya suket.

8. Suket dadi aking,kembang dadi alum,nanging pangandikaning Allah kitatetep ing salawas-lawase.”

9. He Sion, kang nggawa kabar becik,munggaha ing gunung kang dhuwur!He Yerusalem, kang nggawa kabar becik,ulukna swaramu kang sora,iya ulukna swaramu, aja wedi!Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda:“Delengen, iku Gusti Allahmu!”

10. Delengen, iku Pangeran Allah.Anggone rawuh kalawan kakiyatan sarta ngasta pangwaos.Lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha nunggal kalawan Panjenengane;kabeh kang wus dadi kagungane padha lumaku ana ing ngarsane.

11. Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane,sarta iku padha diklempakake kalawan astane;cempene padha dipangku,embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.

12. Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epekesarta ngukur langit nganggo kilanane,naker lebuning bumi nganggo takeran,nimbang gunung-gunung nganggo timbangan,utawa tengger-tengger nganggo traju?

13. Sapa kang bisa mranata Rohing Pangeran Yehuwahutawa nyaosi pitedah marang Panjenengane kayadene juru pitutur?

14. Pangeran Yehuwah mundhut pitedah marang sapa supaya kagungan pangretosan,lan sapa kang nyaosi piwulang marang Sang Yehuwahing bab nindakake pangadilan,utawa sapa kang nyaosi piwulang bab kawruh marang Panjenenganelan nyaosi pitedah supaya Panjenengane tumindak kalawan pangretosan?

maca bab lengkap Yesaya 40