Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 4:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing wektu iku ana wong wadon pitu kang padha nggondheli wong lanang siji, sarta celathu: “Kula sami badhe nedha tetedhan lan mangangge sandhangan kula piyambak; nanging keparenga kula namung ngangge asma panjenengan; panjenengan mugi karsa ngicali kawirangan kula sadaya!”

2. Ing nalika iku trubusan kang dithukulake dening Sang Yehuwah bakal dadi kaendahan lan kamulyan, lan pametuning bumi dadi kaagungan lan kamulyan tumrap para wong Israel kang padha bisa oncat.

3. Lan wong kekarene ing Sion tuwin kang isih ana ing Yerusalem bakal kasebut suci yaiku saben wong ing Yerusalem kang katulisan bakal oleh urip,

4. samangsa Pangeran wus ngresiki reregede putri Sion lan ngicali blentong-blentonge Yerusalem saka ing satengeha kalawan roh kang ngadili lan kang ngobong.

maca bab lengkap Yesaya 4