Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 33:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. Wong banjur padha nglumpukake jarahan kayadene walang kang srakah kang mangan pakane;padha ngebyuk kaya panempuhing walang gegrombolan.

5. Pangeran Yehuwah iku dhuwur aluhur, awit akadhaton ing ngaluhur;Sion kagawe kebak kaadilan lan kabeneran.

6. Jaman tentrem bakal nekani kowe;kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh;wedi-asih marang Sang Yehuwah,iku kang dadi raja branane Sion.

7. Delengen, wong-wong Ariel padha sesambat ana ing dedalan,para utusan kang ngupaya karukunan padha nangis kepati.

8. Lurung-lurung dadi sepituwin wong ora ana siji bae kang lumaku ing dalan.Prajanjian wus diselaki,para seksi wus padha katampik,tuwin manungsa ora digubres.

9. Nagara susah lan aclum;Libanon kisinan lan ambruk mati;Saron wus kaya ara-ara,Basan lan Karmel padha brindhil.

10. Saiki Ingsun bakal jumeneng -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --saiki Ingsun bakal gumregah jumeneng,saiki Ingsun bakal jumeneng jejeg!

11. Sira padha ngetengake suket aking,lan bakal manak damen;kanepsonira kaya geni kang mangsa sira dhewe.

12. Para bangsa bakal padha diobong dadi gampingtuwin bakal kaobong ing geni kaya rerungkudan eri kang dibabadi.

13. He para wong kang adoh, padha rungokna pawarta bab apa kang wus Suntindakake,he para wong kang cedhak, padha nyumurupana prakosaningSun!

maca bab lengkap Yesaya 33