Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 33:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Saiki Ingsun bakal jumeneng -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --saiki Ingsun bakal gumregah jumeneng,saiki Ingsun bakal jumeneng jejeg!

11. Sira padha ngetengake suket aking,lan bakal manak damen;kanepsonira kaya geni kang mangsa sira dhewe.

12. Para bangsa bakal padha diobong dadi gampingtuwin bakal kaobong ing geni kaya rerungkudan eri kang dibabadi.

13. He para wong kang adoh, padha rungokna pawarta bab apa kang wus Suntindakake,he para wong kang cedhak, padha nyumurupana prakosaningSun!

14. Para wong dosa ing Sion padha kaget,para wong murtad padha kalimputan ing rasa geter.Iku padha ngucap: “Panunggalan kita sapa ta kang bisa betah manggon ing jero geni kang ngentek-ngentekake iki?Panunggalan kita sapa kang betah manggon ana ing jero pawon geni kang langgeng iki?”

15. Wong kang urip ing sajroning kabeneran,kang tembung-tembunge jujur,kang nampik kauntungan, wohing pameresan,kang ngipatake tangane supaya aja nampani besel,kang nutupi kupinge supaya aja krungu rancangan bab ngwutuhake getih,kang ngeremake mripate, supaya aja sumurup piala,

16. iku kayadene wong kang manggon kalawan tentrem ana ing papan-papan kang dhuwur,betenge iku beteng kang ana ing gunung parang;roti dicawisi, banyu ngombe disadhiyani.

17. Sira bakal ndeleng ratu ing sajroning kamulyane,bakal sumurup nagara kang amba banget.

18. Ing sajroning atinira sira bakal mikir marang pagiris kang uwis-uwis:“Apa wus ora ana juru petung, apa wus ora ana juru timbang,lan apa wus ora ana wong kang ngetung menara?”

maca bab lengkap Yesaya 33