Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 33:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Bilai kowe, he tukang ngrusak kang ora karusak dhewe,lan kowe, he tukang nggarong kang ora digarong dhewe!Samangsa wus rampung anggonmu ngrerusak, kowe dhewe bakal karusak;samangsa wus rampung anggonmu nggarong, kowe dhewe bakal digarong.

2. Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami paduka welasi,Paduka ingkang sami kawula antos-antos!Paduka mugi karsaa ngayomi kawula sadaya ing saben enjing kalayan asta Paduka,malah kawula mugi sami kaparingan wilujenging salebetipun nandhang karupekan!

3. Rikala mireng gumuruhing swara nalika Paduka jumeneng,para bangsa sami lumajeng tuwin para suku bangsa sami buyar.

4. Wong banjur padha nglumpukake jarahan kayadene walang kang srakah kang mangan pakane;padha ngebyuk kaya panempuhing walang gegrombolan.

5. Pangeran Yehuwah iku dhuwur aluhur, awit akadhaton ing ngaluhur;Sion kagawe kebak kaadilan lan kabeneran.

6. Jaman tentrem bakal nekani kowe;kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh;wedi-asih marang Sang Yehuwah,iku kang dadi raja branane Sion.

7. Delengen, wong-wong Ariel padha sesambat ana ing dedalan,para utusan kang ngupaya karukunan padha nangis kepati.

8. Lurung-lurung dadi sepituwin wong ora ana siji bae kang lumaku ing dalan.Prajanjian wus diselaki,para seksi wus padha katampik,tuwin manungsa ora digubres.

maca bab lengkap Yesaya 33