Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 30:25-30 Kitab Sutji (JAV)

25. Saben gunung kang dhuwur lan saben tengger kang munggul bakal ana kali-kaline kang mili, yaiku ing dina patumpesan kang gedhe, samangsa menara-menara padha rubuh.

26. Padhanging rembulan purnama banjur bakal kaya padhanging srengenge kang sumorot sumelet, tuwin padhanging srengenge kang sumelet iku banjur bakal tikel kaping pitu, yaiku kaya padhange pitung dina, samangsa Sang Yehuwah mblebed tatune umate sarta nyarasake tilase kagebugan.

27. Pangeran Yehuwah rawuh ngatingal saka ing padalemane kang adoh --bebendune mulad-mulad, rawuhe ana ing sajrone mega peteng kang gembuleng-gembuleng,lathine kebak deduka,lan lidhahe kaya geni kang memangsa nganti gusis;

28. wedaling napase kaya kali kang ngelekake,kang banyune nganti sagulu --Rawuhe arep ngayaki bangsa-bangsa kalawan ayaking karusakantuwin arep masang kendhali panasaraning cangkeme para suku bangsa.

29. Kowe bakal padha ngrepekake kekidungankaya ing wektu bengi nalika wong sesuci ngarepake riaya,sarta kowe bakal padha seneng-seneng kaya manawa wong lumaku digameli ing sulingarep munggah ing gununge Sang Yehuwah,ing Gunung-Parange Israel.

30. Lan Pangeran Yehuwah bakal ngedalake swarane kang mulya,bakal ngatingalake astane kang nempuhkalawan bebendu kang ngedab-edabi sarta kalawan geni kang memangsa nganti gusis,tuwin kalawan udan deres, prahara lan udan krikil.

maca bab lengkap Yesaya 30