Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 30:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Bilai anak-anak kang mbalela,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --kang padha nindakake rancangan kang ora saka Ingsun,kang lumebu ing pasarujukan,kang ora marga saka karsaning RohingSun,satemah dosane saya wuwuh-wuwuh,

2. kang mangkat menyang ing tanah Mesir,ora kalawan nyuwun putusaningSun,sumedya ngayom marang Pringonlan ngungsi marang ing pangaubaning Mesir.

3. Nanging pangayomane Pringonbakal gawe wirangira kabeh,lan ngungsi ing pangaubaning Mesirbakal ndadekake isinira kabeh.

4. Amarga sanadyan para panggedhe Yerusalem wus padha ana ing Zoan,lan para utusane wus padha tekan ing Hanes,

5. iku kabeh bakal kawiranganamarga bangsa iku ora bisa nguntungake,lan ora bisa aweh pitulungan sarta ora maedahi;nanging mung gawe wirang, malah banjur dadi lan kanisthane.

6. Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb.Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara,papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggeropapaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur,wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi,lan barang darbeke ign punuking unta,arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,

7. yaiku Mesir kang aweh pitulungan kang ora migunani lan tanpa paedah;mulane iku Sunjenengake:“Rahab kang dianggurake.”

8. Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate,lan sira cathetana ing kitab,supaya dadi paseksenkanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase.

9. Awit iku sawijining bangsa kang mbalela,anak kang padha seneng gorohanak kang padha sungkan ngrungokakemarang piwulange Pangeran Yehuwah,

10. kang padha celathu marang para wong sidik: “Aja mawas,”lan marang para nabi: “Aja medharake wangsit kang nyata,nanging kandhakna marang aku kabeh bab-bab kang nyenengake,wedharna wangsit othak-athikan,

maca bab lengkap Yesaya 30