Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 3:9-25 Kitab Sutji (JAV)

9. Pasemoning raine mratelakake pialanelan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane,ora didhelikake maneh.Bilai wong-wong iku!Amarga padha gawe cilakane awake dhewe.

10. Pratelakna manawa wong bener iku rahayu!Amarga bakal mangan wohing panggawene.

11. Bilai wong duraka iku! Bakal katempuh ing bilai,amarga bakal dietrapi manut panggawene dhewe.

12. Anadene umatingSun, kang nyekel pangwasane bocah-bocah,lan bakal kaereh ing para wong wadon.He umatingSun, para pemimpinira iku padha nasarake sira,lan dalan padha sira ambah iku dikisruhake!

13. Pangeran Yehuwah bakal lenggah ngasta pangadilanlan jumeneng prelu ngadili para bangsa.

14. Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakimtumrap para pinituwa lan para pemimpining umate:“Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku,barang rayahan saka wong kang katindhesana ing omahira tumpuk-tumpuk.

15. Yagene sira padha niksa umatingSunlan nganiaya para wong kang katindhes?”mangkono pangandikane Gusti Allah, Gustine sarwa tumitah.

16. Pangeran Yehuwah ngandika:Sarehne wanita ing Sion wus padha gumunggunglan padha lumaku kalawan langak-langak gulunetuwin kalawan main mata,sarta lakune digawe-gawekalawan gelange sikil kang kumrincing,

17. mulane Pangeran bakal ndadosakesirahe wanita Sion padha kebak boroktuwin Pangeran Yehuwah bakal nyukur rambute ing sisihing bathuke.

18. Ing nalika iku Pangeran bakal nyingkirake sakehing rerenggane: gelang sikil, jamang lan rembulanan,

19. rerenggan kuping, gelang tangan tuwin kudhung,

20. rerenggan sirah, gelang rante sikil, pending, wadhah wewangen lan jimat-jimat;

21. ali-ali cap lan anting-anting irung;

22. sandhangan pesta, jubah, slendhang lan tas;

23. pengilon, kotang lena, sreban lan klambi njaba.

24. Ing kono geganda arum bakal disalini kang bacin,pending bakal disalini tali,rambut klabangan disalini gundhul,sandhangan pesta disalini bagorrupa ayu disalini cacad.

25. Wong-wongira bakal padha tiwas dening pedhang,lan para pahlawanira marga perang.

maca bab lengkap Yesaya 3