Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 3:14-23 Kitab Sutji (JAV)

14. Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakimtumrap para pinituwa lan para pemimpining umate:“Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku,barang rayahan saka wong kang katindhesana ing omahira tumpuk-tumpuk.

15. Yagene sira padha niksa umatingSunlan nganiaya para wong kang katindhes?”mangkono pangandikane Gusti Allah, Gustine sarwa tumitah.

16. Pangeran Yehuwah ngandika:Sarehne wanita ing Sion wus padha gumunggunglan padha lumaku kalawan langak-langak gulunetuwin kalawan main mata,sarta lakune digawe-gawekalawan gelange sikil kang kumrincing,

17. mulane Pangeran bakal ndadosakesirahe wanita Sion padha kebak boroktuwin Pangeran Yehuwah bakal nyukur rambute ing sisihing bathuke.

18. Ing nalika iku Pangeran bakal nyingkirake sakehing rerenggane: gelang sikil, jamang lan rembulanan,

19. rerenggan kuping, gelang tangan tuwin kudhung,

20. rerenggan sirah, gelang rante sikil, pending, wadhah wewangen lan jimat-jimat;

21. ali-ali cap lan anting-anting irung;

22. sandhangan pesta, jubah, slendhang lan tas;

23. pengilon, kotang lena, sreban lan klambi njaba.

maca bab lengkap Yesaya 3