Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 3:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahsanyata bakal ngedohake saka Yerusalem lan Yehudasaben wong kang padha dadi andel-andele,sakehe tandhon pangan lan omben-omben:

2. Wong prawira lan prajurit,hakim lan nabi,juru tenung lan pinituwa,

3. paneket lan panggedhe,penasehat lan ahli sikir,sarta juru japa-mantra.

4. Ingsun bakal ngangkat para nom-noman Sundadekake pemimpine,lan bocah-bocah kang bakal padha ngereh.

5. Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekanwong padha lawan-linawan,kang siji nglawan marang sijine;wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa,wong asor marang wong kang kajen keringan.

6. Nganti manawa ana wong kang nggujengi sadulure ana ing omahe bapakne kalawan celathu:“Panjenengan taksih kagungan jubah, mila karsaa dados pemimpin kula sadayasaha jugrugan punika lajeng kakuwaosana,”

7. ing nalika iku sadulure nuli bakal mangsuli:“Aku emoh dadi dhokter;ing omahku ora ana roti lan ora ana jubah;aja ngangkat aku dadi pemimpin bangsa.”

8. Yerusalem sanyata wus ambruklan Yehuda wus rubuh,amarga tembung-tembunge lan panggawene nglawan marang Sang Yehuwahsarta padha nantng marang tingale kang mulya.

9. Pasemoning raine mratelakake pialanelan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane,ora didhelikake maneh.Bilai wong-wong iku!Amarga padha gawe cilakane awake dhewe.

10. Pratelakna manawa wong bener iku rahayu!Amarga bakal mangan wohing panggawene.

11. Bilai wong duraka iku! Bakal katempuh ing bilai,amarga bakal dietrapi manut panggawene dhewe.

maca bab lengkap Yesaya 3