Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 29:21-24 Kitab Sutji (JAV)

21. yaiku para wong kang anggere bae ngarani wong liya nindakake kaluputan ana ing sawijining prakara,kang masangi kala jiret marang wong kang srengen ana ing gapura,sarta kang ngono-ngono wong bener awewaton kang ora-ora.

22. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para tedhake Rama Yakub,yaiku kang wus ngluwari Rama Abraham:“Wiwit saiki Yakub ora bakal kawirangan manehlan raine ora bakal pucet maneh.

23. Sabab nalika wong-wong mau, yaiku turune Yakub,padha ndeleng apa kang katindakake dening astaningSun ana ing satengahe,banjur bakal padha nucekake asmaningSun;bakal padha nucekake Kang Suci, Gusti Allahe Yakub,lan bakal padha gumeter ana ing ngarsane Gusti Allahe Israel;

24. para wong kang pikirane kesasar, bakal padha oleh pangreten,lan para wong kang grundelan bakal padha tampa piwulang.”

maca bab lengkap Yesaya 29