Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 29:15-24 Kitab Sutji (JAV)

15. Bilai wong kang ndhelikakerancangane kalawan primpen ana ing ngarsane Sang Yehuwah,kang panggawe-panggawene dilakoni ana ing pepetengkalawan ngucap: “Sapa kang sumurup kita lan sapa kang niteni kita?”

16. Kapriye ta dene kowe kok padha mbolak-mbalikake samubarang kabeh?Apa lempung iki kena dianggep padha karo kundhi,satemah kang digawe bisa pratela bab kang gawe:“Dudu wong iku kang gawe aku,”lan apa kang diwangun bisa ngandhakake bab kang mangun:“Wong iku ora ngreti apa-apa?”

17. Rak mung kurang sadhela,anggone Libanon bakal salin dadi kebon wowohan,lan kebn wowohan bakal kaanggep alas?

18. Ing wektu iku para wong budhegbakal padha krungu tetembungan-tetembungan saka ing sawijining kitab,lan marga saka wus luwar saka ing kalimengan tuwin pepetengmripate para wong wuta bakal ndeleng.

19. Para wong kang nandhang sangsara ana ing Pangeran Yehuwah bakal saya banget anggone asuka-suka,lan para wong miskin kang ana ing satengahe para manungsa bakal asurak-surak awit saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel!

20. Sabab wong kang santosa-gumunggung bakal ora ana lan tukang memecok bakal sirna,sarta sakehe wong kang duwe kekarepan ala bakal kamusnakake,

21. yaiku para wong kang anggere bae ngarani wong liya nindakake kaluputan ana ing sawijining prakara,kang masangi kala jiret marang wong kang srengen ana ing gapura,sarta kang ngono-ngono wong bener awewaton kang ora-ora.

22. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para tedhake Rama Yakub,yaiku kang wus ngluwari Rama Abraham:“Wiwit saiki Yakub ora bakal kawirangan manehlan raine ora bakal pucet maneh.

23. Sabab nalika wong-wong mau, yaiku turune Yakub,padha ndeleng apa kang katindakake dening astaningSun ana ing satengahe,banjur bakal padha nucekake asmaningSun;bakal padha nucekake Kang Suci, Gusti Allahe Yakub,lan bakal padha gumeter ana ing ngarsane Gusti Allahe Israel;

24. para wong kang pikirane kesasar, bakal padha oleh pangreten,lan para wong kang grundelan bakal padha tampa piwulang.”

maca bab lengkap Yesaya 29