Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 23:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Padha ngungsia menyang ing Tarsis,padha sesambata, he kang padha manggon ing tanah pasisir!

7. Iki apa kuthamu kang sumyak-sumyak,kang asale saka ing jaman kuna?Wonge wus padha lunga menyang ing panggonan kang adohlan dadi wong neneka ana ing kana.

8. Sapa kang mutus mangkene ikitumrap Tirus, kutha kang tau ngganjar makutha,kang sudagar-sudagare para panggedhelan wong-wonge kang dagang para wong mulya ing bumi?

9. Pangeran Yehuwah Gustining para tumitah kang wus damel putusan mangkonokanggo nyirnakake piangkuh,kanggo ngesorake sakehe kang endahlan sakehe wong mulya ing bumi.

10. Garapen pategalanmu kaya kang ana ing pinggiring bengawan Nil, he putri Tarsis,panggonan-panggonan kanggo ndandani kapal wus ora ana!

11. Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagaralan damel karajan-karajan padha gumeter;Panjenengane wus dhawuhsupaya bettenge Kanaan padha kasirnakake.

12. Sarta wus ngandika:“Sira ora bakal bungah-bungah maneh,he prawan kang wus karusak, he putri Sidon!Ngadega, ngungsia marang wong Kitim!Ana ing kono uga bakal ora ana panggonan kang nyenengake tumrap sira.”

maca bab lengkap Yesaya 23