Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 2:11-22 Kitab Sutji (JAV)

11. Manungsa kang gumunggung bakal kaesorakelan wong kang angkuh bakal kadhingklukake,sarta mung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.

12. Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahnemtokake dinane anggone bakal ngukumsakehe wong kang kumalungkung lan angkuhsarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;

13. ngukum sakehing wit eres ing Libanonkang tuwuh mandhuwur lan tetep munggul,tuwin ngukum sakehing wit elah ing Basan;

14. sarta ngukum gunung kang dhuwur-dhuwurlan sakehing tengger kang munggul;

15. ngukum sakehe menara kang dhuwur-dhuwurlan sakehe baluwarti kang disantosani;

16. ngukum sakehe kapal ing Tarsistuwin sakehe kapal kang endah dhewe.

17. Manungsa kang gumunggung bakal padha kadhingklukakelan wong kang angkuh bakal padha diesorake;amung Pangeran Yehuwah kang mahaluhuring dina iku.

18. Dene brahala-brahalabakal sirna babar pisan.

19. Ing kono wong bakal lumebu ing guwa-guwa ing gunung paranglan ing rong-rong ing sajroning lemah,marga saka pagirising Yehuwahtuwin marga saka cahyaning kamulyane, ing nalika Panjenengane tumindak damel getering bumi.

20. Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emasgegaweaning manungsa kang disujudi lan disembahbakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa,

21. lan wong mau bakal lumebu ing growongan-growonganing gunung parangtuwin ing sela-selaning tetengger watumarga saka pagirising Sang Yehuwahlan marga saka cahyaning kamulyane;ing nalika Panjenengane jumeneng damel getering bumi.

22. Aja padha ngandelake marang manungsa,awit iku ora ngluwihi wetuning napaslan wong iku banjur kena dianggep kayadene apa?

maca bab lengkap Yesaya 2