Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 17:9-14 Kitab Sutji (JAV)

9. Ing wektu iku kutha-kuthanira bakal kasuwungake kaya kutha-kuthane wong Hewi lan wong Amori kang padha ditinggal marga saka wong Israel, satemah banjur dadi sepi mamring.

10. Awit sira wus lali marang Gusti Allah kang wus paring kaslametan marang sira,lan ora eling marang gunung paranging kakuwatanira.Mulane sanadyan sira yasa taman kang endahkang sira tanduri cangkokan saka ing nagara manca,

11. sanadyan nalika sira tandur sira ndadekake suburing thukule,lan ing wektu esuk anggonira nandur cangkokan ndadekake kembange,nanging panenane bakal enggal sirna ing dinaning pilaralan sangsara kang ngedab-edabi.

12. Bilai! Gumerahe bangsa-bangsa akeh,kang padha gumeder kaya ombaking sagara kang gumleger!Ramening suku-suku bangsa,kang padha rame kaya gumuruhing banyu kang ngedab-edabi.

13. Para suku bangsa padha gumerah kaya gumuruhing banyu gedhe;nanging Pangeran Yehuwah paring deduka,satemah banjur padha lumayu adoh,kalawan kesusu kaya mrambut ing panuton kang kabur ing angin,lan kaya dhedhak katiyup ing lesus.

14. Bareng ngarepake sore, lah ana pagiris!Sadurunge esuk, wus ora ana kabeh!Yaiku pandumane wong-wong kang padha ngrayah kita,sarta iya iku kang katemtokake tumrap para wong kang ngrampasi kita.

maca bab lengkap Yesaya 17