Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 16:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong-wong padha ngirimake cempemarang pamarentahing nagara,saka ing Sela ngliwati pasamunanmenyang ing gununge putri Sion.

2. Kaya manuk kang mabur lunga,lan isining susuh kang kagusah,kaya mangkono anake wadon Moabing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon.

3. “Menehana pitutur,nggegegana wewenang,dadia pangeyuban kang edhuming wayah tengange;wong-wong kang kabuwang padha umpetna,aja medharake bab wong kang padha keplayu!

4. Para wong kang kabuwang saka ing Moabcikben padha mondhok ing panggonanmu,dadia papan pandhelikane wong-wong ikutumrap kang arep nyirnakake!Samangsa pangroda-peksa wus ora ana,pangrusak wus kapungkurlan wong ambek siya wus sirna saka ing nagara,

5. banjur ana dhampar kang bakal kaadegake marga saka sih-kadarmanlan iku bakal tansah dilenggahi ana ing tarube Sang Prabu Dawuddening sawijining hakim kang njejegake kaadilan,lan kang enggal-enggal nindakake kabeneran.”

6. Aku wus padha krungu bab angkuhe Moab,pancen angkuh banget iku,bab kumlungkunge, angkuhe lan sumengite,sarta anggone ngoceh kang ora bener.

7. Mulane cikbene wong Moab ngadhuh-adhuh,kang siji marga saka sijine, cikbenkabeh padha ngadhuh-adhuh.Marga kelingan marang kuwih kismis saka ing Kir-Haresetcikben padha sesambat lan remuk babar pisan!

8. Amarga kebon-kebon ing Hesybon lan wit anggur ing Sibmawus padha nglayung;para kang nyekel pangwasa tumrap bangsa-bangsawus padha mbabadi wit-wite anggur kang becik dhewe,kang biyen ngembyah tekan ing Yaezerlan mrambat tekan ing pasamunan;pang-pange pating tlolortekan ing sabranging sagara.

9. Mulane aku melu nangis kaya Yaezermarga saka wit anggur ing Sibma mau;kowe arep daktelesi kalawan eluhku,he Hesybon lan Eleale,amarga ing mangsa ketiga trep ing mangsa panenmungsuhmu nempuh kalawan alok perang.

maca bab lengkap Yesaya 16