Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 14:6-22 Kitab Sutji (JAV)

6. kang nggebugi para bangsa kalawan nepsu,tanpa kendhat;kang ngidak-idak para bangsa kalawan bendutanpa leren.

7. Salumahing bumi wus ayem lan tentrem;wong-wong padha bungah-bungah lan surak-surak.

8. Uga wit beros lan wit eres ing Libanonpadha bungah marga kowe wus ambruk, pangucape:‘Wiwit titimangsa kowe ambruk gumlinting;ora ana wong maneh kang munggah negor aku kabeh!

9. Jagade wong mati kang ana ing ngisor kalawan gumeteranggone mapag tekamu;arwah-arwah padha kagugah marga saka kowe,yaiku sakehe tilas panggedhe ing bumi;sakehe tilas ratuning para bangsapadha diwungu saka ing dhampare.

10. Iku kabeh wiwit padha aruh-aruhlan ngucap marang kowe:‘Kowe iya wus dadi apes kaya aku kabeh,wus dadi padha kaya aku kabeh!

11. Kaluhuranmu wus kaudhunake marang ing jagade wong matikaro swarane slukatmu;kowe alemek singgat,lan akemul eset.’ ”

12. “Adhuh, kowe wus tiba saka ing langit,he lintang Panjer-Esuk, anake bangbang wetan,kowe wus kapecah lan tiba ing bumi,he, kowe kang ngalahake para bangsa!

13. Kowe kang maune ngunandika:Aku arep munggah menyang ing langit,aku arep ngedegake dhamparkuana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah,lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan,ing sisih lor adoh.

14. Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega,arep madhani Kang Mahaluhur!

15. Nanging kosok baline, kowe kaudhunake menyang ing panggonankang jero dhewe ing luwanging kuburan.

16. Wong-wong kang ndeleng kowebakal padha nggatekake lan mandeng kowe kalawan ngucap:Apa iki kang wus gawe gumetering bumi,lan kang nggoncangake karajan-karajan,

17. kang wus ndadekake jagad kaya pasamunan,lan kang nglebur kutha-kuthane,kang ora ngulihake para wong tawanan?

18. Sakehe tilas ratune para bangsapadha sumare kalawan mulya,ana ing astanane dhewe-dhewe.

19. Nanging kowe iki wus kabuwang,adoh saka ing pakuburanmu,kayadene trubusan kang nggegilani,kang katutupan ing mayite para kang sinuduk ing pedhanglan ambruk tumiba ing watu-watuning luwangan kuburan,kaya bathang kang kepidak-pidak.

20. Kowe ora bakal ana ing kuburan bebarengan karo para raja,amarga kowe wus ngrusak nagaramulan mateni rakyatmu.Anak-putune wong kang nindakake pialaora bakal kocap ing salawas-lawase.

21. Ngedegna papan panyembelehan kanggo anak-anake,marga saka kaluputane leluhure,supaya aja padha gumregah lan ndhaku bumituwin ngebaki jagad kalawan kutha-kutha.”

22. “Ingsun bakal jumeneng nglawan wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, “Ingsun bakal nyirnakake jenenge Babil lan kekarene, anak-putune lan buyute,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Yesaya 14