Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 14:26-32 Kitab Sutji (JAV)

26. Yaiku rancangan kang wus kadameltumrap salumahing bumi,lan yaiku asta kang kaayatakemarang sakehe bangsa.

27. Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah wus ngrancang,sapa kang bisa murungake?Astane wus kaayatake?sapa kang bisa ngundurake?

28. Ing taun sedane Sang Prabu Akhas ana wangsit kang mangkene iki:

29. Aja bungah-bungah, he tanah Filisti kabeh,awit sanadyan gadane wong kang nggebug kowe wus tugel,nanging ula iku bakal nurunake ula bedhudhak,lan anake bakal dadi ula naga kang bisa mabur.

30. Panunggalane umatingSun kang asor dhewe bakal oleh pangantuwin para wong miskin bakal manggon kalawan tentrem,nanging turunira bakal Sunpateni kalawan pailan,sarta kekaren-kekarenira bakal Suntumpes.

31. Ngadhuh-adhuha, he gapura! Jerit-jerita, he kutha!Gumetera, he tanah Filisti sakabehe!Amarga ing sisih lor wus ana kukusing perang kang kumelun,lan barisaning mungsuh maju, ora ana kang mundur.

32. Lan kapriye wangsulane marang para utusane bangsa iku?“Pangeran Yehuwah kang masang tetalesing Sion,lan para wong kang nandhang sangsara panunggale umate bakal padha oleh pangayoman ana ing kono.”

maca bab lengkap Yesaya 14