Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 1:8-27 Kitab Sutji (JAV)

8. Putri ing Sion kari ijen,kayadene gubug ing pakebonan anggurkaya cakruk ing kebon timunlan kaya kutha kang kinepung.

9. Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitahora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat,kita wus padha kaya Sodomlan padha kaya Gomora.

10. Rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he para panggedhene Sodom!Gatekna piwulange Allah kita,he rakyat Gomora!

11. “Kanggo apa kurbanira kang akeh iku?”mangkono pangandikane Sang Yehuwah,“Ingsun wus jeleh marng kurban obarankang awujud wedhus gembel lanang lan marang gajihe pedhet lemon;getihe sapi lanang lan wedhus gembelsarta wedhus lanang ora Sunrenani.

12. Manawa sira padha sowan marang ing ngarsaningSunsapa kang ngudokake sira mangkono,dene sira padha ngidak-idak platarane Padaleman SuciningSun?

13. Sira aja padha nyaosake maneh pisungsungira kang lamisamarga gandane gawe enegingSun.Manawa sira padha mahargya tanggal sapisan lan sabatutawa nganakake kumpulan-kumpulan,Ingsun ora tahan mirsani,awit pahargyanira iku kebak piala.

14. Pahargyan-pahargyanira sasi anyarlan kumpulan-kumpulanira kang ajegiku Ingsun sengit mirsani;kabeh iku dadi momotan tumrap Ingsun,Ingsun wus sayah anggoningSun ngrembat.

15. Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga,Ingsun bakal nasabi paningalingSun,malah sanadyan sira ndedonga mawali-waliIngsun ora bakal midhangetakeawit tanganira kebak getih.

16. Padha wisuha, resikana awakira,edohna panggawenira kang alasaka ing ngarsane paningalingSun.Marenana anggonira gawe piala,

17. padha sinaua gawe becikngudia marang kaadilan,ngendhalenana wong kang ambek siya;mbelanana hake para bocah lola,ngembanana prakarane para randha!

18. Ayo, kita padha prakaran!-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --Sanadyan dosanira abang kaya gluga,bakal dadi putih kaya salju;sanadyan rupane abang kaya jarit sumbabakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.

19. Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake,sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik.

20. Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalelasira bakal padha kamangsa ing pedhang.”Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah.

21. Kapriye iki, dene kutha kang biyen setyasaiki dadi wanita tunasusila!Maune kebak kaadilanlan tansah kanggonan kabeneran,nanging saiki kebak wong gawe pepati.

22. Salakamu wus ora tulen maneh,lan anggurmu wus kecampuran banyu.

23. Para panggedhemu iku padha wong mbalela,lan padha sekuthon karo maling.Kabeh padha seneng tampa besellan mburu sogok.Ora padha mbelani hake para bocah lolalan prakarane para randhaora lumadi marang wong-wong mau.

24. Mulane mangkene pangandikane Pangeran,Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,kang Maha-santosa, Pangayomaning Israel:“Lah Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang para wong kang nglawan marang Ingsunlan nandukake piwales marang para mungsuhingSun.

25. AstaningSun bakal nglawan marang siraIngsun bakal damel tulening salakanira kalawan landha,sarta bakal nyingkirake sakehing timah saka ing sira.

26. Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyenlan para penasehatira kaya ing sakawit.Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan,kutha kang setya.”

27. Sira bakal Sunluwari kalawan pangadilanlan para wonge kang mratobat bakal Sunluwari kalawan patrap kang bener.

maca bab lengkap Yesaya 1