Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 1:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Bilai bangsa kang dosa,golongan kang kabotan durakaturune wong ala,bocah-bocah kang tumindak ora becik!Iku padha ninggal Sang Yehuwah,padha ngala-ala marang kang Mahasuci,Gusti Allahe Israel,tuwin ngungkurake Panjenengane.

5. Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi,kowe kang padha mbangetake pamurtadmu?Sirahe wus lara kabeh,lan atine wus lungkrah lesu kabeh.

6. Wiwit ing tlapakan tumeka ing sirahora ana kang waras,abuh lan babak-belur sarta tatu anyar,ora diplothoti lan ora diblebedi,tuwin ora dilengani.

7. Nagaramu dani sepi mamring,kutha-kuthamu padha kobong nganti entek;pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu.Sepi mamring nagara iku kayadenedibosah-basihake dening bangsa liya.

8. Putri ing Sion kari ijen,kayadene gubug ing pakebonan anggurkaya cakruk ing kebon timunlan kaya kutha kang kinepung.

9. Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitahora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat,kita wus padha kaya Sodomlan padha kaya Gomora.

10. Rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he para panggedhene Sodom!Gatekna piwulange Allah kita,he rakyat Gomora!

11. “Kanggo apa kurbanira kang akeh iku?”mangkono pangandikane Sang Yehuwah,“Ingsun wus jeleh marng kurban obarankang awujud wedhus gembel lanang lan marang gajihe pedhet lemon;getihe sapi lanang lan wedhus gembelsarta wedhus lanang ora Sunrenani.

12. Manawa sira padha sowan marang ing ngarsaningSunsapa kang ngudokake sira mangkono,dene sira padha ngidak-idak platarane Padaleman SuciningSun?

13. Sira aja padha nyaosake maneh pisungsungira kang lamisamarga gandane gawe enegingSun.Manawa sira padha mahargya tanggal sapisan lan sabatutawa nganakake kumpulan-kumpulan,Ingsun ora tahan mirsani,awit pahargyanira iku kebak piala.

14. Pahargyan-pahargyanira sasi anyarlan kumpulan-kumpulanira kang ajegiku Ingsun sengit mirsani;kabeh iku dadi momotan tumrap Ingsun,Ingsun wus sayah anggoningSun ngrembat.

15. Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga,Ingsun bakal nasabi paningalingSun,malah sanadyan sira ndedonga mawali-waliIngsun ora bakal midhangetakeawit tanganira kebak getih.

maca bab lengkap Yesaya 1