Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 1:2-9 Kitab Sutji (JAV)

2. Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi,sabab Pangeran Yehuwah ngandika:“Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthahnanging padha mbalela marang Ingsun.

3. Sapi wanuh marang kang duwenanging Israel ora;kuldi sumurup marang pamakanan kang kasedhiyakake dening bendarane,nanging umatingSun ora mangreti.”

4. Bilai bangsa kang dosa,golongan kang kabotan durakaturune wong ala,bocah-bocah kang tumindak ora becik!Iku padha ninggal Sang Yehuwah,padha ngala-ala marang kang Mahasuci,Gusti Allahe Israel,tuwin ngungkurake Panjenengane.

5. Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi,kowe kang padha mbangetake pamurtadmu?Sirahe wus lara kabeh,lan atine wus lungkrah lesu kabeh.

6. Wiwit ing tlapakan tumeka ing sirahora ana kang waras,abuh lan babak-belur sarta tatu anyar,ora diplothoti lan ora diblebedi,tuwin ora dilengani.

7. Nagaramu dani sepi mamring,kutha-kuthamu padha kobong nganti entek;pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu.Sepi mamring nagara iku kayadenedibosah-basihake dening bangsa liya.

8. Putri ing Sion kari ijen,kayadene gubug ing pakebonan anggurkaya cakruk ing kebon timunlan kaya kutha kang kinepung.

9. Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitahora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat,kita wus padha kaya Sodomlan padha kaya Gomora.

maca bab lengkap Yesaya 1