Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 1:17-24 Kitab Sutji (JAV)

17. padha sinaua gawe becikngudia marang kaadilan,ngendhalenana wong kang ambek siya;mbelanana hake para bocah lola,ngembanana prakarane para randha!

18. Ayo, kita padha prakaran!-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --Sanadyan dosanira abang kaya gluga,bakal dadi putih kaya salju;sanadyan rupane abang kaya jarit sumbabakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.

19. Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake,sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik.

20. Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalelasira bakal padha kamangsa ing pedhang.”Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah.

21. Kapriye iki, dene kutha kang biyen setyasaiki dadi wanita tunasusila!Maune kebak kaadilanlan tansah kanggonan kabeneran,nanging saiki kebak wong gawe pepati.

22. Salakamu wus ora tulen maneh,lan anggurmu wus kecampuran banyu.

23. Para panggedhemu iku padha wong mbalela,lan padha sekuthon karo maling.Kabeh padha seneng tampa besellan mburu sogok.Ora padha mbelani hake para bocah lolalan prakarane para randhaora lumadi marang wong-wong mau.

24. Mulane mangkene pangandikane Pangeran,Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,kang Maha-santosa, Pangayomaning Israel:“Lah Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang para wong kang nglawan marang Ingsunlan nandukake piwales marang para mungsuhingSun.

maca bab lengkap Yesaya 1