Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 9:8-12 Kitab Sutji (JAV)

8. Ilate iku panah kang memateni,tembung kang kawetu saka ing cangkeme iku apus,pangucape marang kancane: tentrem,nanging ing sajroning batine isi pangincim-incim.

9. Apa Ingsun ora bakal ndhawahake paukumanmarang wong-wong iku, marga saka iki kabeh?Apa Ingsun ora bakal males ukum marang bangsa kang kaya mangkene iki?,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

10. Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung,lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun,awitdene wus suwung kabeh,nganti ora ana kang ngambah,lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya,dadia manuk ing awang-awang,dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana.

11. Ingsun bakal damel Yerusalem dadi jugruganpapan pandhelikaning asu ajag.Ingsun bakal damel kutha-kutha Yehuda dadi sepi mamring,ora ana kang manggon maneh.”

12. Endi wong kang wicaksana, kang nganti bisa ngreti bab iki, wong kang nampani pangandika saka lesaning Sang Yehuwah, supaya bisa mratelakake iku? Apa sababe tanah iki rusak, suwung kaya ara-ara samun, nganti ora ana wong kang ngambah?

maca bab lengkap Yeremia 9