Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 9:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Endi wong kang wicaksana, kang nganti bisa ngreti bab iki, wong kang nampani pangandika saka lesaning Sang Yehuwah, supaya bisa mratelakake iku? Apa sababe tanah iki rusak, suwung kaya ara-ara samun, nganti ora ana wong kang ngambah?

13. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sarehne wong iku wus padha nglirwakake Angger-anggeringSun, kang wus Sunparingake, sarta ora ngrungokake marang swaraningSun lan ora nurut marang iku,

14. nanging padha nuruti apa sakareping atine, apadene manut marang para Baal kaya kang diwulangake para leluhure,

15. mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Lah Ingsun bakal makani butrawali marang bangsa iki lan Sunombeni racun.

16. Ingsun bakal nyebar wong iki ana ing tengahe para umat kang ora ditepungi dening wong-wong iku lan para leluhure lan Ingsun bakal nglepasake pedhang kang ngoyak wong-wong iku, nganti wus padha Sunsirnakake.”

17. Padha gatekna! Ngundangana para juru tangis wadon, supaya padha mrene,lan kongkonana, supaya para wong wadon kang limpad, padha mrene!

18. Kareben padha enggal tekalan padha nangisi kita,supaya mripat kita metokake luh,lan suluhan kita akembeng banyu!

19. Amarga ing Sion keprungu tangis:Adhuh padha mati aku!Aku padha banget diwirangake!Amarga aku kudu padha ninggal nagara iki,dene omah-omahku padha dibrukake.

maca bab lengkap Yeremia 9