Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 51:52-59 Kitab Sutji (JAV)

52. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane Ingsun bakal nglebur reca-recane lan ing saindenging nagarane wong bakal padha nggluruh marga tatu sinuduk.

53. Sanadyan Babil mumbula tekan ing langit lan yasa beteng-beteng ana ing papan kang dhuwur, nganti ora kena diparani, atas dhawuhingSun iku bakal ditekani para juru pangrusak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

54. Mara rungokna! Pasambat saka ing Babil lan karusakan kang banget saka nagarane bangsa Kasdim!

55. Amarga Pangeran Yehuwah ngrusak tanah Babil lan nglerenake swarane kang sora. Sanadyan alun-alune gumuruh kaya banyu gedhe lan swarane saya rame,

56. ewasamono para juru pangrusak bakal nekani tanah Babil, para prawirane bakal padha dicekeli lan gandhewane bakal padha remuk, amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang paring piwales; Panjenengane mesthi bakal nandukake piwales.

57. Ingsun bakal ngendemi para pangarepe, para wonge kang wicaksana, para bupatine, para panggedhene lan para prawirane, temah padha ambruk keturon ing salawas-lawase, ora bakal tangi maneh. Mangkono pangandikane Sang Nata, kang asmane: Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

58. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi:Balowartine Babil kang kandelbakal digempur nganti warata karo lemah,gapura-gapurane kang dhuwur bakal diobong,satemah kangelane para bangsa padha tanpa gunalan kesel-sayahe para talering bangsa mung padhadadi pakaning geni bae.”

59. Piwelinge Nabi Yeremia marang Sang Seraya bin Neria bin Makhseya, nalika Sang Seraya ndherek tindake Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, menyang ing Babil, nalika ing taun kang kaping pate jumenenge. -- Sang Seraya iku ing wektu iku dadi kepala ubarampening kraton. --

maca bab lengkap Yeremia 51