Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 51:38-54 Kitab Sutji (JAV)

38. Padha bebarengan nggero kaya singa nom,lan nggereng kaya anak singa.

39. Manawa wus padha krasa sumuk,Ingsun bakal nyawisi bujana,bakal Sunendemi supaya mumet,lan banjur ambruk ing salawas-lawase,sarta ora bakal bisa tangi maneh.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

40. Ingsun bakal ngebrukake wong-wong iku,kang nuli disembeleh kaya cempe,sarta kaya wedhus gembel lan wedhus jawa lanang.

41. Kapriye dene kutha Sesakh,kang dadi pangalemaning jagadbisa kabedhah lan diebroki!Kapriye dene Babil banjur dadi marganetrenyuh mawor gumun ana ing antarane para bangsa!

42. Sagara wus rob ngelebi tanah Babil,alun-alune gumuruh ngebyuki.

43. Kutha-kuthane wus dadi tanah ludhes,tanah mati lan ara-ara samun,kang ora didunungi manungsalan ora diambah ing wong siji-sijia.

44. Ingsun bakal ngukum Bathara Bel ing Babil,lan mutahake apa kang wus diuntal.Bangsa-bangsa ora bakal ndilir maneh,amarga balowartine Babil uga wus jugrug.

45. He umatingSun, metua saka ing antarane!Saben wong nylametna nyawane saka ing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad!

46. Atinira aja kekes lan giris marga saka pawarta kang keprungu ana ing nagara: manawa ing taun iki kang sumebar kabar iki lan ing taun ngarep kabar iku, manawa kekerasan saya ndadra ana ing nagara sarta manawa pangwasa kang wengis nglawan padha wengis.

47. Mulane lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun nglebur reca-reca ing Babil; sawrataning nagarane bakal nandhang wirang lan sakehing wong kang pinatenan padha ambruk ana ing satengahe.

48. Dene langit lan bumi lan sakehe kang padha ana ing kono bakal rame nyuraki Babil, samangsa para juru pangrusak teka saka ing lor. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

49. Babil bakal ambruk marga wong kang padha mati ing antarane Israel padha kaya wong ing saindenging jagad kang mati dening Babil.

50. Kowe, wong kang padha oncat saka ing pedhang, padha lungaa, aja mandheg-mandheg! Elinga marang Sang Yehuwah ing tanah kang adoh lan Yerusalem timbula maneh ana ing atimu!

51. Kawula sami isin, amargi kula mireng pawartos bab pamada lan panyamah ingkang ngebeki bumi, dene tiyang ngamanca sami mlebet ing papan-papan suci ing padalemanipun Sang Yehuwah.

52. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane Ingsun bakal nglebur reca-recane lan ing saindenging nagarane wong bakal padha nggluruh marga tatu sinuduk.

53. Sanadyan Babil mumbula tekan ing langit lan yasa beteng-beteng ana ing papan kang dhuwur, nganti ora kena diparani, atas dhawuhingSun iku bakal ditekani para juru pangrusak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

54. Mara rungokna! Pasambat saka ing Babil lan karusakan kang banget saka nagarane bangsa Kasdim!

maca bab lengkap Yeremia 51