Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 51:34-44 Kitab Sutji (JAV)

34. Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar,ratu ing Babil,diselehake kaya mangkok kothong.Panjenengane nguntal aku kaya naga,kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak,aku dibuwang.

35. Babil katampeka ing panganiaya lan paniksa kang pancena tumempuh marang aku:kaya mangkono kudune celathune wong ing Sion,getihku cikben tumempuh marang wong ing Kasdim,kaya mangkono kudune ujare Yerusalem.

36. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Lah, Ingsun bakal ngembani prakaranira, lan malesake sira:Ingsun bakal ngasatake sagaranelan mateni sumbere banyu.

37. Babil bakal dadi tumpukan gempuran,pandhelikane asu ajag,panggonan kang marakake ngungun lan ngeses-ngeseslan dadi cecampahan,ora ana kang ngenggoni.

38. Padha bebarengan nggero kaya singa nom,lan nggereng kaya anak singa.

39. Manawa wus padha krasa sumuk,Ingsun bakal nyawisi bujana,bakal Sunendemi supaya mumet,lan banjur ambruk ing salawas-lawase,sarta ora bakal bisa tangi maneh.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

40. Ingsun bakal ngebrukake wong-wong iku,kang nuli disembeleh kaya cempe,sarta kaya wedhus gembel lan wedhus jawa lanang.

41. Kapriye dene kutha Sesakh,kang dadi pangalemaning jagadbisa kabedhah lan diebroki!Kapriye dene Babil banjur dadi marganetrenyuh mawor gumun ana ing antarane para bangsa!

42. Sagara wus rob ngelebi tanah Babil,alun-alune gumuruh ngebyuki.

43. Kutha-kuthane wus dadi tanah ludhes,tanah mati lan ara-ara samun,kang ora didunungi manungsalan ora diambah ing wong siji-sijia.

44. Ingsun bakal ngukum Bathara Bel ing Babil,lan mutahake apa kang wus diuntal.Bangsa-bangsa ora bakal ndilir maneh,amarga balowartine Babil uga wus jugrug.

maca bab lengkap Yeremia 51