Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 51:28-35 Kitab Sutji (JAV)

28. Samektakna para bangsa marang perang,para ratu ing Media,karo para bupati lan para panggedhene,lan sadhengah nagara kang dibawahake.

29. Bumi gonjang-ganjing lan horeg,amarga rantamane Sang Yehuwahtumrap Babil lagi katindakake,yaiku supaya nagara Babil dadi tanah kang cengkar,lan ora ana kang ngenggoni.

30. Para prawiraning Babil wus padha leren anggone perang,padha thenguk-thenguk ana ing beteng-beteng,kuwanene wus ilang,wis dadi kaya wong wadon.Omah-omahe wus kaobong,slaraking gapurane tugel!

31. Playangan kilat lumayu susul-sumusul.Para juru warta padha susul-sumusul,padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil,yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat,

32. sabrangane wus padha diejegi,beteng-beteng kang kanggo nanggulangi wus diobongi,para prajurit wis padha giris.

33. Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel:Putri ing Babil iku kayadene pamipitan,ing wektune wong ngiles-iles.Sadhela engkas bakal wus mangsa panen.

34. Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar,ratu ing Babil,diselehake kaya mangkok kothong.Panjenengane nguntal aku kaya naga,kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak,aku dibuwang.

35. Babil katampeka ing panganiaya lan paniksa kang pancena tumempuh marang aku:kaya mangkono kudune celathune wong ing Sion,getihku cikben tumempuh marang wong ing Kasdim,kaya mangkono kudune ujare Yerusalem.

maca bab lengkap Yeremia 51