Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 51:25-37 Kitab Sutji (JAV)

25. He gunung pangrusak,lah, Ingsun dadi mungsuhira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --kang nglebur salumahing bumi!Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang sira,nggolingake sira saka ing parang-paranglan ndadekake sira dadi gunung geni kang wis sirep.

26. Wong ora bakal njupuk watu saka sira kanggo watu pepojokutawa tetates,nanging sira bakal dadi panggonan kang garing ing salawase.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

27. Ngadegna tunggul ana ing bumi,ngunekna kalasangka ana ing tengahe para umat,para bangsa padha samektakna ing perangnglawan Babilbalane karajan-karajan kumpulna-- Ararat, Mini lan Askenas --ngadegna senapati nglawan Babil,ngajokna jaran-jaran kang kehe kaya walang!

28. Samektakna para bangsa marang perang,para ratu ing Media,karo para bupati lan para panggedhene,lan sadhengah nagara kang dibawahake.

29. Bumi gonjang-ganjing lan horeg,amarga rantamane Sang Yehuwahtumrap Babil lagi katindakake,yaiku supaya nagara Babil dadi tanah kang cengkar,lan ora ana kang ngenggoni.

30. Para prawiraning Babil wus padha leren anggone perang,padha thenguk-thenguk ana ing beteng-beteng,kuwanene wus ilang,wis dadi kaya wong wadon.Omah-omahe wus kaobong,slaraking gapurane tugel!

31. Playangan kilat lumayu susul-sumusul.Para juru warta padha susul-sumusul,padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil,yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat,

32. sabrangane wus padha diejegi,beteng-beteng kang kanggo nanggulangi wus diobongi,para prajurit wis padha giris.

33. Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel:Putri ing Babil iku kayadene pamipitan,ing wektune wong ngiles-iles.Sadhela engkas bakal wus mangsa panen.

34. Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar,ratu ing Babil,diselehake kaya mangkok kothong.Panjenengane nguntal aku kaya naga,kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak,aku dibuwang.

35. Babil katampeka ing panganiaya lan paniksa kang pancena tumempuh marang aku:kaya mangkono kudune celathune wong ing Sion,getihku cikben tumempuh marang wong ing Kasdim,kaya mangkono kudune ujare Yerusalem.

36. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Lah, Ingsun bakal ngembani prakaranira, lan malesake sira:Ingsun bakal ngasatake sagaranelan mateni sumbere banyu.

37. Babil bakal dadi tumpukan gempuran,pandhelikane asu ajag,panggonan kang marakake ngungun lan ngeses-ngeseslan dadi cecampahan,ora ana kang ngenggoni.

maca bab lengkap Yeremia 51