Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 51:19-33 Kitab Sutji (JAV)

19. Ora mangkono mungguh Panjenenganekang dadi pandumane Yakub,amarga Panjenengane kang nitahakesamubarang kabeh,lan Israel dadi taler kagungane,asmane sinebut Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

20. Sira iku maune dadi gada tumrap Ingsun,gegamaning perang:Kalawan sira Ingsun ngremuk para bangsa,kalawan sira Ingsun nyirnakake krajan-krajan.

21. Kalawan sira Ingsun ngremuk jarandalah kang nunggangi,kalawan sira Ingsun ngejur kareta perangdalah kang nunggang.

22. Kalawan sira Ingsun ngremuk wong lanang lan wong wadon,kalawan sira Ingsun ngejur wong tuwa lan wong anom,kalawan sira Ingsun ngejur jaka lan prawan,

23. kalawan sira Ingsun ngremuk para pangon lanpepanthaning wedhuse,kalawan sira Ingsun ngremuk petani lan sapikang kanggo mluku,kalawan sira Ingsun ngejur para bupati lanpara panggedhe!

24. Apadene Ingsun bakal paring piwales marang Babil lan sakehing wong Kasdim marga saka sakehing pialane, kang ditandukake marang Sion, kaya kang sira sipati dhewe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

25. He gunung pangrusak,lah, Ingsun dadi mungsuhira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --kang nglebur salumahing bumi!Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang sira,nggolingake sira saka ing parang-paranglan ndadekake sira dadi gunung geni kang wis sirep.

26. Wong ora bakal njupuk watu saka sira kanggo watu pepojokutawa tetates,nanging sira bakal dadi panggonan kang garing ing salawase.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

27. Ngadegna tunggul ana ing bumi,ngunekna kalasangka ana ing tengahe para umat,para bangsa padha samektakna ing perangnglawan Babilbalane karajan-karajan kumpulna-- Ararat, Mini lan Askenas --ngadegna senapati nglawan Babil,ngajokna jaran-jaran kang kehe kaya walang!

28. Samektakna para bangsa marang perang,para ratu ing Media,karo para bupati lan para panggedhene,lan sadhengah nagara kang dibawahake.

29. Bumi gonjang-ganjing lan horeg,amarga rantamane Sang Yehuwahtumrap Babil lagi katindakake,yaiku supaya nagara Babil dadi tanah kang cengkar,lan ora ana kang ngenggoni.

30. Para prawiraning Babil wus padha leren anggone perang,padha thenguk-thenguk ana ing beteng-beteng,kuwanene wus ilang,wis dadi kaya wong wadon.Omah-omahe wus kaobong,slaraking gapurane tugel!

31. Playangan kilat lumayu susul-sumusul.Para juru warta padha susul-sumusul,padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil,yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat,

32. sabrangane wus padha diejegi,beteng-beteng kang kanggo nanggulangi wus diobongi,para prajurit wis padha giris.

33. Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel:Putri ing Babil iku kayadene pamipitan,ing wektune wong ngiles-iles.Sadhela engkas bakal wus mangsa panen.

maca bab lengkap Yeremia 51