Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 51:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Lah, Ingsun ngebahake semangat pangrusaktumrap Babil lan wong ing tanah Kasdim.

2. Ingsun bakal ngutus juru napeni kang bakal napenilan nyaponi nagarane nganti resik,amarga anggone ngepung ing dinaningkarubedan saka ing keblat papat.

3. Bala pemanah menthanga gandhewaneincerna marang kang nginceng,lan wong kang aklambi kere!Aja ngeman marang para nom-nomane,sakehing wadya-balane tumpesen!

4. Para wong kang padha pinatenan bakal ambrukana ing nagarane bangsa Kasdimlan wong kang tatu abot ana ing lurung-lurunge.

5. Lah Israel lan Yehuda ora ditinggaldadi randha dening Sang Yehuwah,Gusti Allahe kang sarwa dumadi,amarga nagarane wong Kasdim iku wis kebak kaluputanana ing ngarsane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

6. Lumayua saka ing tengahe tanah Babil,saben wong goleka slameting nyawane,supaya sira aja padha katut katumpes marga saka kaluputane!Amarga iki dinaning piwalese Sang Yehuwah;Panjenengane ngganjar marang para wong Babil.

7. Maune Babil iku kaya tuwung kencanaana ing astane Sang Yehuwah,kang ngendemi wong salumahing bumi.Para bangsa padha ngombe anggure,yaiku jalarane padha dadi edan.

8. Dumadakan Babil ambruk lan remuk;tangisana Babil iku!Jupukna lenga boreh kanggo nambani tatune,bokmanawa bisa waras!

9. Maune aku arep padha nambani Babil,nanging ora bisa waras.Tinggalen bae,payo padha mulih menyang tanahku dhewe-dhewe!Sanyata paukumane wus sundhul ing langit,nganti papak karo mega!

10. Sang Yehuwah wus ndadosake nyatasakehing kabeneran kita;payo padha nyritakake pakaryane Sang Yehuwah,Gusti Allah kita ana ing Sion!

11. Panahe padha lancipana,tameng-tameng padha cepakna!Sang Yehuwah wus nggigah semangate para ratuing Media,amarga rantamane nglawan Babil iku yaiku murih sirnane,iku pamalese Sang Yehuwah, kanggo malesake padalemane kang suci.

12. Acungna tunggul-tunggule marang balowartine Babil,pajagane santosakna!Para wong jaga padha prenahna,nganakna cegatan!Amarga Sang Yehuwah wus ngrantamlan uga bakal nindakake apa kang wus kagem ngancam wong kang manggon ing Babil.

13. He kowe kang padha manggon ana ing pinggiringbengawan lan sugih raja-brana,iki wus tekan ing wekasaning umurmu,wus tekan ing watesing uripmu!

14. Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadiwus supaos demi sarirane piyambak:Sanadyan sira kebak manungsa nganti kaya walang,nanging wong bakal padha nguwuh marang sirapanguwuhing perang.

15. Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana pangwasane,kang nalesi jagad klawan kawicaksanane,lan kang mbeber langit klawan limpading galihe.

maca bab lengkap Yeremia 51