6. Maune umatingSun kaya wedhus-wedhus kang ketriwal,padha kesasar ditogake bae dening para pangone!,diuja saba ana ing gunung-gunung,padha lumaku saka ing gunung menyang ing tengger,temah lali marang plegungane.
7. Padha dimangsa dening wong kang padha mrangguli nganti entek;lan para satrune padha ngucap:Aku padha ora luput!Amarga iku wus padha nglakoni dosamarang Sang Yehuwah papaning kabeneran,Sang Yehuwah, kang dadi pangarep-arepe para leluhure!
8. Padha lumayu saka ing laladan Babil,saka ing nagarane wong Kasdim!Metua! Dadia kaya wedhus-wedhus lanang,kang manggedheni pepanthane!
9. Amarga lah, Ingsun ngebahakelan nangekake bangsa golongangedhe saka ing tanah lor, supaya nglawan Babil.Wong-wong iku padha masang gelar kanggo nglawan mungsuhe,saka ing kono anggone mbedhah kutha.Panah-panahe kaya pahlawan kang begja,kang ora tau bali nglenthung.
10. Nagarane bangsa Kasdim bakal dadi jarahan,sakehe wong kang njarah-rayah bakal padha lega atine.-- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
11. He wong kang padha ngrayah bandhaningSun,sanadyan sira padha seneng-senenglan suka-parisuka,tuwin mencolot-mencolot kaya pedhet ana ing pangonan,sarta mbeker-mbeker kaya jaran lanang,
12. ewadene biyungira nandhang wirang bangetlan wong wadon kang nglairake sira klicutan!Lah, dheweke dadi kang buncit dhewe,ing antarane para bangsa,dadi pasamunan, dadi alas, lan pasuketan garing!