Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 50:28-43 Kitab Sutji (JAV)

28. Padha rungokna! Para wong kang keplayulan kang bisa oncat saka ing nagara Babil,padha teka lan ngabari ana ing Sion,bab piwalese Sang Yehuwah, Gusti Allah kita;piwales marga saka padalemane kang suci.

29. Klumpukna sakehing bala kang asikep gandhewa,sakehing bala-panahan, supaya nglawan Babil!Ngadegna kemah-kemah pangepungan,supaya aja ana kang bisa oncat!Walesen satimbang karo panggawene,trapna marang wong-wong iku kang plek karo kang dilakoni dhewe.Amarga tumindak murang tata ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

30. Mulane para nom-nomane padha ambruk ana ing alun-alunelan sakehing prajurite padha bakal tinumpes ana ing kono, ing dina iku.-- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

31. He sira kang murang tata,lah Ingsun bakal nglawan sira,-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi --amarga wus tumeka ing wektunira Ingsun ngukum sira.

32. Si murang tata bakal kesandhung lan tibasarta ora ana kang nangekake maneh.Ingsun bakal nyumed geni ana ing kutha-kuthanekang bakal ngobong apa bae kang ana ing sakubenge.

33. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Wong Israel lan Yehuda padha bareng tinindhes. Sakehing wong kang nawan wong-wong iku, tetep anggone nahan, ora gelem ngluwari tawanane.

34. Nanging Juru-Panebuse iku santosa, asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. Mesthine Panjenengane mbelani prakarane umate, supaya padha oleh katentreman ana ing bumi, nanging ndhatengake pagiris marang para wong kang manggon ing Babil.

35. Pedhang bakal nempuh bangsa Kasdim,namani wong ing Babil,ngenani para panggedhe lan para wong wicaksana,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

36. Pedhang nempuh marang juru mbebatang,temah konangan yen bodho!Pedhang ngenani para prawirane,temah padha giris.

37. Pedhang ngenani jaran lan karetane perang,nempuh sakehing bala warna-warna kang ana ing tengahe,temah padha dadi kaya wong wadon!Pedhang ngenani raja-branane,temah dijarah ing wong!

38. Pedhang ngenani sakehing banyune,temah dadi asat!Amarga nagara iku kebak reca,wong-wong mau padha edan marga saka brahalane!

39. Mulane sato kewan pasamuwan lan asu ajag bakal padha manggon ana ing kono, lan uga manuk unta bakal nusuh ana ing kono. Nagara iku ora bakal dienggoni maneh ing wong sabanjure lan ora bakal didunungi maneh dening turun-turune.

40. Padha kayadene nalika Gusti Allah molak-malik tanah Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing sacedhake, mangkono uga ora bakal ana wong kang manggon ana ing kono maneh lan ora ana manungsa siji-sijia kang dedunung ana ing kono maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

41. Lah, ana sawijining bangsa kang teka saka ing lor, bangsa kang gedhe, lan akeh para ratu kang mangsah perang saka poncoting bumi.

42. Padha asikep gegaman panah lan tumbak; padha ambeksiya, ora kadunungan sih-piwelas. Swarane gumuruh kaya banyuning sagara, padha nunggang jaran, asikep gegaman kaya arep nglurug perang, nempuh marang sira, he, putri ing Babil!

43. Ratu ing Babil wus krungu warta bab iku, temah tangane krasa lemes tanpa daya, krasa sesek, ngrasakake lara kayadene wong wadon kang lagi nglarani.

maca bab lengkap Yeremia 50