Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 50:18-30 Kitab Sutji (JAV)

18. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun ngukum ratu ing Babil lan nagarane kayadene anggoningSun ngukum ratu ing Asyur.

19. Nanging Ingsun bakal ngulihake Israel menyang ing pangonane, supaya nyengguta suket ana ing gunung Karmel lan ing Basan tuwin ana ing pagunungan Efraim lan Gilead.

20. Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

21. Padha ngluruga menyang Merataim,majua nempuha wong ing Pekod!Patenana lan tumpesen bangsa iku,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.Poma tindakna trep kaya kang Sundhawuhake!

22. Gumuruh swaraning perang ing nagara kono,kang nuwuhake karusakan akeh!

23. Gada kang kanggo saindenging bumikok banjur remuk bubuk, ajur mumur mangkono!Babil kok banjur dadi sangsara nggegirisi mangkonoana ing antarane para bangsa!

24. He Babil, Ingsun masang kalajiret kanggo sira,temah sira kejiret, ora sira nyana.Sira konangan lan pancen kecekelamarga sira wis nantang Sang Yehuwah.

25. Sang Yehuwah wis mbikak gedhong parawatanelan ngedalake dedameling bebendune,amarga ana pakaryan kagem Gusti Allah.Gustining sarwa dumadi,ana ing nagarane wong Kasdim.

26. Payo padha nekani saka ing keblat papat,lumbung-lumbunge wengakna,isine tumpuken, undhung-undhungen lan rusakenlan aja nganti ana kekarene sethithik-thithika!

27. Sakehing sapine patenana,cikben mati kabeh disembeleh!Cilaka wong-wong iku, amarga wus tumeka ing mangsane,yaiku wektu anggone padha tampa paukuman.

28. Padha rungokna! Para wong kang keplayulan kang bisa oncat saka ing nagara Babil,padha teka lan ngabari ana ing Sion,bab piwalese Sang Yehuwah, Gusti Allah kita;piwales marga saka padalemane kang suci.

29. Klumpukna sakehing bala kang asikep gandhewa,sakehing bala-panahan, supaya nglawan Babil!Ngadegna kemah-kemah pangepungan,supaya aja ana kang bisa oncat!Walesen satimbang karo panggawene,trapna marang wong-wong iku kang plek karo kang dilakoni dhewe.Amarga tumindak murang tata ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

30. Mulane para nom-nomane padha ambruk ana ing alun-alunelan sakehing prajurite padha bakal tinumpes ana ing kono, ing dina iku.-- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

maca bab lengkap Yeremia 50