Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 50:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Sirnakna juru nyebar saka ing Babil,sarta wong ngerit ing mangsa panen!Kanggo nyingkiri pedhang kang nggegirisi iku,saben wong bakal ngulihi bangsane,lan lumayu menyang nagarane.

17. Israel iku kaya wedhus kang dibuyarake,dioyak-oyak dening singa akeh.Wiwitane dimangsa dening ratu ing Asyur, wekasane saiki balunge diklethak-klethak dening Nebukadnezar, ratu ing Babil.

18. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun ngukum ratu ing Babil lan nagarane kayadene anggoningSun ngukum ratu ing Asyur.

19. Nanging Ingsun bakal ngulihake Israel menyang ing pangonane, supaya nyengguta suket ana ing gunung Karmel lan ing Basan tuwin ana ing pagunungan Efraim lan Gilead.

20. Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

21. Padha ngluruga menyang Merataim,majua nempuha wong ing Pekod!Patenana lan tumpesen bangsa iku,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.Poma tindakna trep kaya kang Sundhawuhake!

22. Gumuruh swaraning perang ing nagara kono,kang nuwuhake karusakan akeh!

23. Gada kang kanggo saindenging bumikok banjur remuk bubuk, ajur mumur mangkono!Babil kok banjur dadi sangsara nggegirisi mangkonoana ing antarane para bangsa!

24. He Babil, Ingsun masang kalajiret kanggo sira,temah sira kejiret, ora sira nyana.Sira konangan lan pancen kecekelamarga sira wis nantang Sang Yehuwah.

25. Sang Yehuwah wis mbikak gedhong parawatanelan ngedalake dedameling bebendune,amarga ana pakaryan kagem Gusti Allah.Gustining sarwa dumadi,ana ing nagarane wong Kasdim.

maca bab lengkap Yeremia 50