Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 50:14-21 Kitab Sutji (JAV)

14. He para bala kang asikep gandhewamasanga gelar kanggo nempuh Babilsaka keblat papat.Lepasna panahira aja nganggo ngeman panah,amarga iku nglakoni dosa marang Sang Yehuwah.

15. Padha nempuha kambi surak-surak saka ing keblat papat!Wonge wis asrah bongkokan,saka-sakane wis rubuh,pager-pagere wis ambruk!Lah iku piwalese Sang Yehuwah.Tibakna piwalesira.Tandukna kayadene kang ditandukake!

16. Sirnakna juru nyebar saka ing Babil,sarta wong ngerit ing mangsa panen!Kanggo nyingkiri pedhang kang nggegirisi iku,saben wong bakal ngulihi bangsane,lan lumayu menyang nagarane.

17. Israel iku kaya wedhus kang dibuyarake,dioyak-oyak dening singa akeh.Wiwitane dimangsa dening ratu ing Asyur, wekasane saiki balunge diklethak-klethak dening Nebukadnezar, ratu ing Babil.

18. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun ngukum ratu ing Babil lan nagarane kayadene anggoningSun ngukum ratu ing Asyur.

19. Nanging Ingsun bakal ngulihake Israel menyang ing pangonane, supaya nyengguta suket ana ing gunung Karmel lan ing Basan tuwin ana ing pagunungan Efraim lan Gilead.

20. Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

21. Padha ngluruga menyang Merataim,majua nempuha wong ing Pekod!Patenana lan tumpesen bangsa iku,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.Poma tindakna trep kaya kang Sundhawuhake!

maca bab lengkap Yeremia 50