Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 50:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah lumantar Nabi Yeremia tumrap Babil lan tanahe para wong Kasdim:

2. “Undhangna ana ing antarane para bangsa lan wartakna,ngadegna tunggul lan wartakna,aja disidhem, kandhakna:Babil wus bedhah,Bathara Bel nandhang wirang,Bathara Merodakh wus nandhang giris.Brahalane padha wirang,para dewane kang nistha padha katempuh ing pagiris.

3. Ana sawijining bangsa kang nempuh Babil saka ing lor,njalari tanahe dadi garing,ora ana kang ngenggoni maneh,manungsa apadene kewankabeh padha keplayu larud.

4. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ing wektu lan ing mangsa ikuwong Israel bakal tekabebarengan karo wong Yehuda;wong iku bakal padha lumaku karo nangisngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe;

5. wong iku padha takon dalan menyang Sion,parane mrana:Payo kita padha nunggal karo Sang Yehuwah,nunggal ing prajanjian kang langgeng,kang ora bisa dilalekake.

6. Maune umatingSun kaya wedhus-wedhus kang ketriwal,padha kesasar ditogake bae dening para pangone!,diuja saba ana ing gunung-gunung,padha lumaku saka ing gunung menyang ing tengger,temah lali marang plegungane.

7. Padha dimangsa dening wong kang padha mrangguli nganti entek;lan para satrune padha ngucap:Aku padha ora luput!Amarga iku wus padha nglakoni dosamarang Sang Yehuwah papaning kabeneran,Sang Yehuwah, kang dadi pangarep-arepe para leluhure!

8. Padha lumayu saka ing laladan Babil,saka ing nagarane wong Kasdim!Metua! Dadia kaya wedhus-wedhus lanang,kang manggedheni pepanthane!

9. Amarga lah, Ingsun ngebahakelan nangekake bangsa golongangedhe saka ing tanah lor, supaya nglawan Babil.Wong-wong iku padha masang gelar kanggo nglawan mungsuhe,saka ing kono anggone mbedhah kutha.Panah-panahe kaya pahlawan kang begja,kang ora tau bali nglenthung.

10. Nagarane bangsa Kasdim bakal dadi jarahan,sakehe wong kang njarah-rayah bakal padha lega atine.-- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

11. He wong kang padha ngrayah bandhaningSun,sanadyan sira padha seneng-senenglan suka-parisuka,tuwin mencolot-mencolot kaya pedhet ana ing pangonan,sarta mbeker-mbeker kaya jaran lanang,

12. ewadene biyungira nandhang wirang bangetlan wong wadon kang nglairake sira klicutan!Lah, dheweke dadi kang buncit dhewe,ing antarane para bangsa,dadi pasamunan, dadi alas, lan pasuketan garing!

maca bab lengkap Yeremia 50