Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 49:19-25 Kitab Sutji (JAV)

19. Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?

20. Mulane rungokna kekancingane Sang Yehuwah tumrap Edom lan rantamane Pangeran tumrap wong ing Teman.Menawa kang cilik dhewe saka ing antaranepepanthan wedhus bakal diseret.Menawa pasuketane dhewe bakal ngrasa kagetsemu gumun marga saka kaanane iku.

21. Bumi bakal horeg marga saka swarane tibane;panjerite keprungu nganti tekan ing sagara Teberau.

22. Lah banjur mumbul mabur kaya manuk garudha,nglayang lan ngegarake swiwine ing dhuwure Bozra.Atine para prawiraning Edom ing dina ikubakal kaya atine wong wadon kang lagi nglarani.”

23. Tumrap Damsyik.“Hamat lan Arpad padha wirang,amarga padha krungu warta kang ala;atine dheg-dhegan marga semplah,ora bisa tentrem.

24. Damsyik wis ora duwe krekat,mengo arep lumayu,kecandhak ing pagiris,karupekan lan krasa lara kaya wong wadonkang lagi nglarani,kaya wong wadon kang lagi nglairake.

25. Lah, kutha kang dadi pangalemanlan gambira iku wus ditinggal prung.

maca bab lengkap Yeremia 49