Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 49:16-21 Kitab Sutji (JAV)

16. Trajangira kang nggegirisilan kumlungkunge atinira, ngloropake sira,iya sira kang ana ing guwa-guwa parang,lan kang ana ing dhuwur gunung!Sanadyan sira gawe susuhira ana ing papan kang dhuwur,kaya manuk garudha,Ingsun bakal mlorodake sira saka ing kono,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

17. Edom bakal dadi garing; saben wong kang ngliwati panggonan kono kaget semu gumun lan ngeses marga sakehing wewelake!

18. Kayadene nalika Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge diobrak-abrik -- pangandikane Sang Yehuwah -- ora ana wong siji-sijia kang manggon lan ora bakal ana manungsa siji bae kang dedunung ing kono.

19. Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?

20. Mulane rungokna kekancingane Sang Yehuwah tumrap Edom lan rantamane Pangeran tumrap wong ing Teman.Menawa kang cilik dhewe saka ing antaranepepanthan wedhus bakal diseret.Menawa pasuketane dhewe bakal ngrasa kagetsemu gumun marga saka kaanane iku.

21. Bumi bakal horeg marga saka swarane tibane;panjerite keprungu nganti tekan ing sagara Teberau.

maca bab lengkap Yeremia 49